Tuesday, January 4, 2011

Boso Jowo

Boso Jowo iku kan yo budaya Jawa kan. Seng kudu dipelajari sakben uwong. tapi nyapo yo kok akeh wong saiki seng gak pati iso boso jowo. lek menurutku kui goro - goro pendidikane.

pas SD karo SMP aku biyen diwarahi pelajaran boso jowo karo guruku. tapi SMA wes gak onok pelajaran boso Jowo. opo maneh kuliahan. tambah hora onok, paling eneke mung ning jurusan boso jowo tok.

sakjane i boso jowo luwih kompleks tinimbang boso Indonesia. ning boso jowo enek tingkatane. enek sing jenenge boso ngoko karo kromo.

lek boso ngoko kui rodok kasar, biasane digawe karo sak pantarane awake dhewe. lha lek boso kromo kui digawe karo wong sing luwih tuwa, ga ngormati lah istilahe

masio boso jowo iku mayoritas neng jawa timur karo jawa tengah, tapi bosone wi yo rodo bedo. kadang aku dhewe sing wong jawa timur ora ngerti karo bosone wong jowo tengah. mbuh apane sing bedo, padahal yo podo wae boso jowone.

Yah, yo ngono kui lah jenenge boso jowo, meluas dan merakyat

oiyo, meh lali, sakdurunge taun 2011 ganti taun , Auwalin ngucapne

Selamat Tahun Baru 2011, Semoga Semakin Baik

3 comments:

  1. Amargi sangking punika, kita ingkang kadhapuk kawula muda supados saged nguri-uri kabudayan jawi ingkang adi luhung. Sinaosa sampun wonten jaman globalisasi, bahasa jawi kedah tansah rumasuk ing sukma.
    #kangen pelajaran boso jowo

    ReplyDelete
  2. la nggih, sak menika menawi mboten kuliyah ing jurusan basa jawi lak nggih mboten saged ndamel basa jawi
    yen tiyang nom taksih kathah ingkang ndamel basa jawi, nanging niku jawi ngoko, menawi jawi krama inggil menika jarang ingkang saged

    ReplyDelete
  3. Intinipun kawula muda mudi kedah kagungan niatan ingkang luhur saenggo kabudayan jawi saged lestari lan ngremboko kados jaman rikolo rumiyin. Kawiwitan sangking pakulinan wonten ing kulawarga ingkang mucalaken boso jawi ingkang leres, soho tatakrami ingkang sae.

    ReplyDelete